... urip opo anane kadyo ilining banyu, ora kedhuwuren gegayuhan, ora kejeron pasrahe ...

Saturday, October 15, 2011

Esem...

Sedulur... wingi sliramu teka kanthi kebak ing sambat. Dina iki sliramu sambat maneh. Aku bisa paham apa sing mbok rasakake, utamane nalika sliramu menehi esem. Ya, menehi esem sing mbok anggep paling endah, marang kancamu. Nanging sing mbok tampa minangka piwalese mung sawijining sikep kang adhem. Aku ngerti yen sliramu nesu, kepara sengit marang kancamu sing nduweni polah sing kaya mangkono. Aku paham yen sliramu ngarepake supaya dheweke mbales kanthi sikep sing trep, sak ora-orane ya mbales kanthi esem, najan dudu esem sing paling endah.

Sakjroning lara atimu, sliramu sumpah, "Tobat, aku ora arep kekancan maneh karo dheweke. Ora pantes dak dadekake kanca !" Lan sliramu getem-getem muntab, kaya-kaya arep nguncalake dheweke nang panggon uwuh. Sliramu ngarepake supaya dheweke ilang saka panyawange netramu. Sliramu mikir gampang ngowahi kekancan pindha molak-maliking tangan. "Apa isih ana pasrawungan raket kang awet?" sliramu isih wae takon marang atimu dhewe.

Sedulur... aja gampang nesu. Dheweke ora mbales esemu bisa wae merga dheweke lagi ora bisa mesem. Ana kedadeyan utawa perkara kang dumadi marang dheweke sing ya mung dheweke dhewe sing mangerteni. Mbok menawa wae dheweke wingi ora ngati-ati, banjur kesandhung lan njarem sikile. Mbok menawa dheweke wingi wis sinau kanthi direwangi lek-lekan nanging bijine tetep ora maremake. Mbok menawa atine isih rinujit nalika wong sing ditresnani ngaturake salam pisah. Isih akeh "mbok menawa" sing ndadekake dheweke ora bisa mesem kanggo mbales esemu.

Sedulur... sliramu isih bisa mesem. Isih bisa ngguyu. Wenehana esem marang dheweke. Dadia pindha saklariking sunar pepadhang rikala dheweke ana jroning petenging wengi. Apuranen dheweke menawa dheweke durung bisa asung esem marang sliramu rikala iki.

7 comments:

pipiet.... said...

mohon ada versi bahasa indonesia nya donk pakdhe... :D

owner said...

^ walah, maaf.. belum tersedia Piet.. :D
saya coba belajar nulis dengan bahasa jawa, dan ternyata repot dewe ha..ha..
btw, suwun wis mampir..

fiz-online said...

Dheweke ora mbales esem yo iso mergo dheweke ora biasa nyawang wajah sing kebacut ayu... :D

tjitra said...

ra iso mesem, yak e lagi gomen kuwiii.... Yo becike, sing rumongso duwe, menehi sing ra duwe...yen isih duwe esem yo menehi esem sing lagi gomen. Rak yo ngono to, kakang bakul sayur.....

Sang Nanang said...

sarujuk kang karo apa sing kok kandhakake kuwi!

Ely Meyer said...

wah ... apik tenan tulisane, aku wingi wingi yo nyoba nulis nganggo boso Jowo, neng mung sithik tur ora apik bosone, maklum ora biasa nulis nganggo boso jowo, neng lumayan iso ngilangke kangenku nulis lan ngomong boso jowo :D

sayurs said...

#fiz: halah opo.. :P
#yu tjit: ngaten nggih sarujuk..:)
#sang: halah gur sarujuk ae.. :P
#elys: ayo sama2 belajar lah, kapan liburan nang Kudus ? :P