... urip opo anane kadyo ilining banyu, ora kedhuwuren gegayuhan, ora kejeron pasrahe ...

Thursday, April 26, 2012

Pada suatu hari

 Pagi menjelang subuh, saat sang kartika bersiap istirahat menuju peraduannya..


Akhir senja, kala sang bagaskara hampir tenggelam di cakrawala..


Lokasi : Pantai barat pulau jawa, dari balkon kamar sebuah hotel

Monday, January 9, 2012

Pusara sore

Unthukan lemah kuwi isih teles. Ing ndhuwure semebar kembang layon lan tumacep kayu werna soklat ing sakiwa tengene. Nyawang kayu lan tulisan jeneng kang ana ing kayu luwi, ana memori kang teka ngelingi pasuryan kang wis dadi wewayangan. Pasuryan kang edum semanak kuwi wis lebur bareng ibu pertiwi, nanging gegambaran pasuryan lan kapribadhene ora bakal ilang saka pangeling-eling.

Pepesthen arupa pati ora bisa disemayani lan diendhani dening manungsa kabeh. Aku ngerti marang pasrahe kang tenanan. Sumareh ikhlas marang apa kang bakal teka. Ora mung merga wis dadi sifate kang lembah manah, nanging uga merga parahe penyakit sing diadhepi.

"Papa gerah napa ta?" pitakone anake sing isih cilik wektu kuwi.
"Papa ora lara, le. Papamu mung lagi ngaso," wangsulane lirih.
"Namung ngaso, napa kok kedah wonten ruang isolasi?" anake saya nalisik.

Dheweke wis ora kuwawa mangsuli pitakonan-pitakonan sakbanjure saka anake. Luhe netes saka pojoking mripat, nelesi pipi sing saya dhekok.

Dina-dina sakbanjure, kondhisi kesehatane saya mudhun. Sore kuwi garwane ditimbali dhokter kanggo dijaluki rembugan bab penanganan larane.

" Kondhisi kang garwa saya parah. Dalan siji-sijine mlebu nang ICU, kemungkinan kudu cuci darah amarga getihe wis kecampur racun saka pecahe peru," ngendikane dhoktere.
"Sedaya tindakan medis kula nyumanggakaken, ndherek dhokter kemawon," wangsulane bojone karo kembeng-kembeng luh.

Ambegane dipacu karo tabung oksigen. jantunge dimonitor terus karo komputer. Garis munggah-mudun ing layar monitor nandhakaken yen isih ana tandha panguripan. Nganti tekane garis terakhir sing lempeng ora ana munggah lan mudhune pratandha sedane. Dheweke wis ora ana, wis lunga. Lunga ngleyang ndhisiki anak lan bojone, marak sowan marang ngarsane Gusti. Lungane wis ngluwari siksaning penyakit sing wis nggrogoti uripe, nanging lungane uga ninggalake dhukita kang jero lan ilange pangarep-arep kanggo anake.

"Ma, Papa tindak ngendi?" pitakone anake marang mamane.
"Papa tindak sowan ngarsane Pengeran," wangsulane alon.
"Kapan kondure Papa sakwise nemoni Pengeran?" pitakonane anake sakbanjure.

Kasedan jati tansah ninggalaken dhukita, nanging sakwalike kasedihan kuwi ana pitakonan sakbanjure kaya sing ditakokaken anake bab lungane papane. Unthukan lemah sinebaran kembang layon wis nyawijekake jasad karo bumine. Manungsa cinipta saka lemah, mangka sakwise jiwa lunga tinimbalan, ragane kudu bali nyawisi dadi lemah.

Raga pancen lebur kapendhem bumi, nanging jiwa suksma kuwi abadi. Sakwise kasedan jati, raga pisah kelawan jiwa. Raga lebur nemahi lemah asale, suksma lunga bali marak sowan marang Gusti. Pisahing raga lan jiwa nalika seda, sinawang kadya lepasing suksma saka pakunjaraning raga. Raga kang nalika uripe tansah nyikep jiwane. Merga raga kang ringkih, kadhang ndadekake jiwa katut ringkih.

Sandyakala tumurun luwih cepet ing komplek pasareyan iki. Wit-witan ngrembuyung sing nutupi lan sororting srengenge ilang luwih dhisik katolak godhong-godhong tuwa lan semribiting gandane kembang layon. Pindha kapal sing ngeterake penumpang tekan pelabuhan, dheweke ora ngerti tujuan sakteruse para penumpang kuwi. Semono uga para asung belasungkawa lan pangiring jenazah, hamung bisa ngeterake raga kang seda nangin ora ngerti parane jiwa sakbanjure. Nanging, kanggone kawula kang percaya marang Kang Maha Kuwasa, kabeh yakin yen suksma bakal bali marang Sangkan Paraning Dumadi.