... urip opo anane kadyo ilining banyu, ora kedhuwuren gegayuhan, ora kejeron pasrahe ...

Thursday, December 30, 2010

pungkasane warsa

Tahun rongewu sepuluh wis ngancik tumeka pungkasane. Akeh kedadeyan sak dawane tahun sing kudune bisa dadi pekeling tumrap manungsa. Seneng susah, bejo apes, tumus cidra lan sapanunggalane sing wis kelakon, tansah ngemu pelajaran sing bisa dadi pengati-ati kanggo nglakoni dalan-dalan ing wektu sing bakal teka.

Sedulur, sliramu kabeh ya mesthi nduweni gegayuhan lan pangarep-arep ing tahun rongewu sewelas ing ngarep iki. Apa wae resolusine kuwi , ayo, awake dhewe tetepa tansah ndedonga muga Gusti paring ridho lan dalan kang paling apik (
the best - ?) tumuju tumuse gegayuhan. Uga tansaha eling marang pengangger-anggere Kang Maha Winasis, saengga ora malah kejlomprong marang dalan kang ora sakmesthine.

Sedulur, muga tahun kang arep teka iki dadia tahun kang endah lan kebak berkah kanggo sak kabehing titah. Amin.

Sedulur, pranyata angel gawe tulisan nganggo basa dhaerah, ya ? he..he.. Sepurane, sedulur.

2 comments:

pipiet.... said...

akupun susah untuk memahaminya...besok lagi musti ada translatenya ya pakdhe....

sayurs said...

makasih sudah mampir, Piet..
tentang translate, ga janji deh.. :P